Kamis, 23 Februari 2012

Geguritan ribute PSSI

Pak, endi balku?
Dening : Rahmad Fauzi

embuh ngapa
embuh apa
embuh...
bal bunderku nggembos

iki dudu papan politik pak
kuwi dudu papan saingan mas

simbah
iki piye mbah..?
endi...endi kawruhmu mbiyen?
tulungi aku...

tumindake nyasar kabeh, ora dadi tuladha
mumet ora karuan
kisruh dadi apalan
padu dadi kulinan
tanpa nemu dalan,
endi...endi bal ku?

jeleh aku krungu
rumangsamu kuwi nggone sapa?
rumangsamu kuwi ki apa?
dudu dolanan
iki indonesia mas, iki indonesia pak
indonesia kuwi siji

kawicaksanan mu kang diarep-arep,
balekna bal ku ...

Geguritan kangge Pak Pemimpin

“wis ora percaya”
Dening : Rahmad Fauzi

taun taun kepungkur,
akeh kang kesengsem ucapmu
akeh kang kepencut kabeh janjimu
akeh kang bungah melu panemu mu
aku,
tukang sapu melu tresna karo kabeh polahmu
pangajab sapu biting iki iso dadi sapu emas
emas kang bisa gawe wareg putra lan garwa
kawicaksananmu gawe kenceng anggonku nggegem sapu iki,
nanging kabeh mung ana cangkem
kesel,
kesel aku,
mayuta yuta wong kapusan

saiki ...
sapuku tugel,
garwa putraku durung rasa wareg
sandanganku gombal amoh, dudu jas ana awakmu kuwi
umahku gedhek bolong, dudu jamban larangmu kuwi
tumpakanku onthel tua, dudu motor mabur anyarmu kuwi
ajeg ...
cangkem adoh saka kasunyatan,
haiya kasunyatan urip Indonesiaku iki

aku butuh,
aku butuh kang nyata
dudu ucapmu kang wus kabur,
apa perlu sapuku iki dadi penthung??